Tuladha Pranatacara


Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp ___________  sekalihan garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun
Bp ___________  netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang akarya loka, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah saderengipun kula ngaturaken urut reroncening tata upacara ing ri kalenggahan punika mugi sageta jumbuh kalihan kuncaraning bangsa nuswantara ingkang linambaran luhur sarta agunging Pancaslia sumangga nun dhumateng para rawuh saha para lenggah langkung – langkung para pinisepuh ingkang sampun handungkaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, keblating panembah saha lebda ing pitutur kula dherekaken manungku puja hastawa puji hastuti wonten ngarsanipun Gusti purbaningrat, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula ingkang sarta mugi lampahing tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika tansah winantu ing suka basuki rahayu nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binuka hing tata upacara;
- Tinarbuka sowaning putra temanten saking sasana busana kepareng
humarak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga dening para
ingkang piniji.
- Pasrah panampining putra temanten kakung dening para tetuwangga
ingkang piniji.
- Panggihing putra temanten kalajengaken upacara sungkem.
- Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa.
- Ingkang salajengipun sowaning putra temanten sekalihan inggih
winastan upacara kirab angka I winastan Kirab Kanarendran.
- Kirabing putra temanten ingkang angka II winastan kirab kasatriyan.
- Wondene pratandha cetha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke
hambok bilih sampun wonten pratandha saking kulawarga minangka
paran para.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila hawit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang sarta karana sampun paripurna sri atmaja temanten putri anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten putri badhe humarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga, wondene jengkaring sri atmaja temanten putri saking sasana busana kakanthi panjenenganipun
Ibu ___________  saha Ibu ___________  hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, jengkaring temanten putri binarung ungeling Ketawang Puspawarna kanthi laras slendro pathet manyura, sumangga, nun nuwun.
Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana manda, kawistara jengkaring sri atmaja temanten putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi papan wangi wus hangarani ateges mijil saking panti busana nedya humarak sowan wonten ngarsanipun para rawuh manjing salebeting sasana rinengga kinanthenan Ibu ___________  saha
Ibu ___________
Sri temanten putri hangagem busanaa ingkang sarwa retna hangemba busananing garwa nata, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspito rinonce ing ukelira, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongas gandane hangebegi wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah Bathari ___________  tumurun.
Tindakira sri atmaja temanten putri hamucang kanginan, lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, sapecak mangu satindak kendel pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Wus handungkap prapta hunggyan ingkang tinuju, putra temanten putri nulya kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
Para rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya – kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________  saha
Bp ___________  wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________  ,
Ibu ___________  ingkang sarta Ibu ___________  minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang – kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.
Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring
Temanten Kakung Saking Wisma Palereman
Nun inggih panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, caraka pamethuking putra temanten kakung inggih panjenenganipun
Bp ___________  saha Bp ___________  sampun dumugi sasana ingkang tinuju nulya hanjengkaraken Sri atmaja temanten kakung, jengkaring putra temanten kakung ginarubyug para kadang wandawa binarung ungeling ladrang wilujeng laras pelog pathetbarang,
nuwun.

Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung
Saking Wisma Palereman
Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
Dhampyak – dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh – lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
 Tuladha Aturipun Panatacara
Badhe Upacara Pasrah Temanten
Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun
Bp ___________  minangka sulih salira panjenenganipun
Bp ___________  (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________  (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak).
Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________  jumenengipun Bp ___________  ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________  ingkang sarta
Bp ___________  hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para – para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.

Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung
Assalamu alaikum Wr. Wb.Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________  mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________   (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________  (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________  wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________  (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Temanten Kakung Ngancik Panampi
Nun inggih, paripurna atur pasrah temanten kakung panjenenganipun (ingkang pasrah) gya tinampi panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) minangka talanging basa panjenenganipun
Bp ___________  (mengku gati) ing wasana wekdal kasumanggakaken.Nuwun.


Tuladha Atur Panampi Pasrah Temanten Kakung
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.Dhumateng panjenenganipun Bp ___________   (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh.
Panjenengartipun Bp ___________   (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________   (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________   (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan.
Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr


Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung
Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________    minangka panganthining putra temanten putni Ibu ___________    ingkang sarta Ibu ___________   wondene ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________   dhumateng panjenenganipun Ibu ___________   minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.

Tuladha Panyandra Panggihing Temanten
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetebi tata upacara adat widi widana ingkang sampun sinengker wonten talatah ________________ nun inggih upacara panggih, adat mengku werdi tata cara, widi werdinipun Gusti, winengku werdi luhur wondene dana mengku werdi paweweh dados adat widi widana hamengku werdi tata cara paringipun Gusti ingkang linangkung, punapa ta werdinipun panggih inggih punika pangudi gambuhing panggalih, mila mboten mokal wonten titahing Gusti ingkang asipat jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang, hangancik ing alam madya, mastuti ila – ila ujaring kina ingkang cinandhi hing akasa jinempana ing maruta, sarta mulat edi endahing budaya tulus.
Budaya ateges laku pangolahing budi, wondene titikanipun tiyang ingkang budaya punika
1. landhep panggraitane,
2. tanggap ing sasmita,
3. susila hanuraga,
punika ingkang saget hambabar pakarti budi luhur, ingkang nyata mengku werdi tansah hangesthi Hayu – Hayom – Hayem – Hangayomi gesanging bebrayan agung.
Saya caket tindakira temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala ingkang tumanem ing sanubari, nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, punapa ta wujud miwah werdinipun gantal, gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose, ingkang mengku werdi : Suruh lamun dinulu beda lumah lawan kurebe yen ginigit tunggal rasane, mengku pralampita dhumateng putra temanten mugi tansah manunggal cipta, rasa miwah karsane suruh asung pitedah sumurupa nganti weruh, bisoa nganti tekan raosing rasa inggih rasa sejati.
Sanadyan ingkang sajuga jejer priya kang sawiji putri, lamun bisa manunggalake tekat lan rasane, pinesthi dadi jatu kramane.
Werdinipun priya saking tembung pari ingkang linangkung, hoya ateges kuwat utawi santosa, wondene tembung putri mengku werdi haywa supe ing pametrinira marang badanira priyangga.
Tinangsulan lawe wenang werdinipun tinangsulan lan akrami kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.
Paripurna titilaksitaning upacara panggih, putra temanten sekalihan gya siningeban sindur dening ingkang rama, asung pralampita putra temanten tansah tinuntun ing reh kautaman anggenipun ngancik ing alam madya tansah pinaringan karaharjan miwah kabagaswarasan, hanjayeng bawana salaminya.
Para rawuh saha para lenggah, wus handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju, sung sasmita panganthining temanten, gya kalenggahaken ing sasana wisudha tama hangrantu laksitaning tata upacara ingkang sampun tinata, nuwun.



Tuladha Pranata Cara Panggih Pinanganten

Diposkan oleh ( Poenk)

PAMBUKA
Sampun dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat, sri atmaja temanten hanetepi upacara adhat widhi widana ingkang sampun sinengker wonten tlatah dusun  Ngajum Kadipaten Malang.
Nun inggih upacara panggih, adhat mengku werdhi tata cara, widhi werdhinipun Gusti. Winengku werdhi luhur tata cara peparingipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang dados pratandha werdhinipun panggih punika pangudi gambuhing panggalih. Mila mboten mokal  wonten titahing Gusti ingkang asipat Jalu lawan wanita ingkang sumedya hanetepi jejering agesang.

 ING NGARSA REGOL

 Wondene temanten putri sampun jengkar saking tepas wangi pinurwaka kembar mayang sakembaran, dasar putrinipun Bapak Moh. Nabillah
Ingkang  dinama-dama , putra sulistya ing warni tinambahan ngagem busana putri praja nambahi sulistyaning warna, saengga ing dalem pasamuan kadya katingal surem katanding endah gumebyaring temanten putri.

HAMBALANG GANTAL
Saya caket tindakira putra temanten kekalih, gya samya apagut tingal, tempuking catur netra handayani pangaribawa ingkang hambabar manunggaling nala kang tumanem ing sanubari.
Sekar mayang temanten kakung dalah temanten putri sampun niliroaken.
nulya kumlawe astane tenganten putri sarwi hambalang gantal mring temanten kakung ingkang winastan gondhang kasih, temanten kakung gumanti hambalang gondhang tutur, ingkang makaten punapa ta wujud miwah werdhinipun gantal? Gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang, pinilih suruh ingkang tinemu rose ingkang mengku werdi
Suruh : lamun dinulu beda lumah lawan karebe yen ginigit tunggal rasane. Mugya temanten kekalih tansah rumaket manunggal cipta, rasa miwah karsa. Tinangsulan lawe wenang werdhinipun tinangsulan lan akrami, kaiket ing prasedya luhur, mugi anggenya mangun bebrayan mboten nalisir saking hangger paugeraning kautaman.

 HAMIDHAK KUNTOLO

Ni mas temanten putri sampun lenggah sowan ing ngarsa dalem temanten kakung dalah hanglepas tepak alas sukunipun temanten kakung. Lumantar astanipun temanten putri, temanten kakung tumindak hamidhak kuntolo kanti remuk gumebyar miwah alas siti.
Ingkang punika paring sasmita bilih temanten kakung sampun gilig ing manah, badhe lujar saking gesang ambujang, ngrasuk hamengku gesang bebyaran.

 

GANDHENG ASTA

Temanten kakung pareng candhak bahunipun temanten putri kaajak jumeneng sesarengan .
Sasampunipun tinemu catur netra temanten kekalih,  ing madya para rawuh dipun pandhegani dening pini sepuh juru paes, astanipun temanten kekalih kagandheng ajawat asta, kanthi pinaringan dunga mugi-mugi tansah tinebiha bala rubeda nir ing sambikala.

TUMUJU DAMPAR KENCANA

Tindakira sri atmaja temanten kekalih gya siningeban  sindur dening ingkang rama kakung kinasih,
Wodene rama kakung temanten putri jumeneng ing ngarsa temanten kakalih  kagandheng  dipun singepi sendhur, ingkang wonten sawingking ipun keparenga biyung kinasih dalah astanipun tumangkep wonten  pundak temanten kekalih. Lumampah tumuju dampar kencana.

 SUNGKEMAN

Adicara ingkang candak inggih punika adicara sungkem temanten kekalih dumateng Tiyang sepah, ingkang punika paring sasmita ngaweruhi wujud bektinipun temanten dumateng tiyang sepah kekalih.Sarana sungkem ing saandhap tapak suku rama kakung dalah biyung putri.
Pinanganten :
Rama kakung dalah Ibu biyung kinasih, luhuring budi ingkang hangukir jiwa raga ingkang agung pangurbanan paring pitedah luhur rina wengi tansah ngangesti mrih rahayuning putra lulus kang ginayuh sadaya ribet rubeda linambaran kanthi sabaring panggalih tuhu pantes sinambah .
Bapa biyung :

Duh angger putraku kinasih sun tampa panyungkemira mugya antuk berkahing Hyang Widhi angonira jejodhoan. Piwelingku aja nganti lali anggon ira hambangun bak wisma runtut  atut sakarone-adohno tukar padu –tansah eling sabaring ati – kuwat nampa panandhang – tan gampang amutung dadiya tepa tuladha – uripira migunani mring sesami – hayu-hayu pinanggiha

 

KACAR-KUCUR

Kalampahan adicara ingkang candak inggih punika kacar-kucur.
Iarupi, wos, saha kacang-kacangan
Ingkang taksih rupi wiji, ingkang punika paring sasmita bilih temanten kekalih menika taksih bakalan, mugya wiji ingkang bade katandur sageta dados wiji ingkang sae, sahengga temanten saget nglampai gesang bebrayan milai babat alas dumugi gesang kaken ninen ninen.

UNJUK TIRTA WENING
Wondene Ing ngriki panjenengan ipun Ibu biyung ingkang hamengku gati paring unjukan tirta wening dumateng temanten kekalih. Ingkang punika paring sasmita mbok bilih sedaya tindak tanduk ipun temanten ingkang badhe kalampahan supadasa  linambarana kanthi weninge penggalihing temanten kekalih.

DHAHAR SEKUL KUNING

Kacandhakaken adicara dhahar sekul kuning : Bapa biyung paring dedhaharan sarana sarining bumi kang arupi sekul kuning kang aran sekul panjang ilang, paring sasmita mugya temanten anggeneya nglampahi gesang wonten ing alam bebrayan , temanten kakung anggadhahi  kewajiban hanyekapi sedaya kabetahanipun gesang sampun ngantos kirang tedhan tumuju dumateng angen-angenipun kara harjan.
Kanthi Pangajapipun Rama dalah biyung  biyung : Mugi gampila gebyaring husada , anggenya ngupadi, sanguning gesang, ambyaring kuntala ingkang tumiba wonten pelatan, panggiha bagya mulya sembada kang jinangka basuki kang kaesti. Amin !

RAWUHING BESAN

Samekta rawuhipun kadang besan sarimbit saking tlatah ................. bapak ............. sarimbit ngaturaken sugeng rawuh mugi sageta ndadosaken raketing pasederekan.
Sasampunipun katampi rawuhipun Bapak .......... sarimbit hangaturaken salam taklim kanti hamasrahaken rawuhipun kaki dalah nini pinanganten kekalih ingkang badhe marak seba nyuwita dumateng ngarsa Bapa  biyung kInasih, inggih punika Bapak Tukiyat dalah biyung Tumi kinasih.

ATUR PASRAH TEMANTEN
Nuwun para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, langkung rumiyin keparenga kula nuwun agunging pangaksami, hambok bilih kula kagalih sangeting degsura saha cumantaka, dene kumawantun sumela atur tuwin nyandet keparenging para rawuh ingkang taksih gayeng among sabda wonten ing pepanggihan punika.
Ingkang makaten kala wau, sarehning kula ingkang kadhapuk dados pranata adicara kajibah matitisaken titi laksana ning adicara punika.
Minangka purwaning atur keparenga kula ngaturaken sungkeming pangabekti ing sa-andhap pepadha kunjuk dalem Gusti ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dumateng kita sedaya saha paring idi palilah ugi pengayoman dumateng ingkang hamengku karsa, nun inggih BapakTukiyat sarimbit.
Ingkang wedal puniko saget ngawontenaken pepanggihan ing dinten menika kanti rahayu widodo mboten kirang satunggaling punapa.
Kajawi saking punika, katur asmanipun ingkang hamengku karsa keparenga  kula ngaturaken pambage sugeng rawuh saha ngaturaken sanget panuwun ingkang tanpa pepindan wondene panjenengan  sedaya sampun kersa minangkani atur ingkang sampun kapacak wonten ing serat atur undangan, ingkang sampun kunjuk dumateng panjenengan sedaya. Inggih punika bilih ing samangke panjenenganipun Bapak Budi sarimbit kagung an kersa badhe andhaup aken putri kinasihipun ingkang paring asma Visi Triastutik kapundhut garwa dening anakmas Moh. Hantono putra kakung ingkang minulya bapak Muchid - Gatot saking tlatah Batu
Para rawuh saha para lenggah ingkang kinur matan.
Kepareng matur bilih samangke sarawuhipun pinanganten kakung, para lenggah katuran jumeneng minangka paring pakurmatan saha paring berkah pangawasta dumateng pepanggihan pinanganten kekalih.
Sinambi  ngrantos dhawah wanci rawuhipun pinanganten kakung, keparenga ken para rawuh anglajengaken anggenipun kepareng among sabda saprayoginipun sinambi angresepi dhedaharan ingkang sampun cumawis ing ngarso panjenengan sedaya. Nuwun !
Sampun dumugi mangsa kala mbok bilih pinanganten kakung sampun tindak saking dalem palereman, kadherekaken para kadang sentana puri kakung. Gebyar-gebyar cahyaning dasar gagah pidhegsa kathik karengga busananing putra praja gung binantara kang sarwa mobyor-mobyor adamel cingaking para pandulu ing samarga-marga, jer sampun dados giliging tekating pribadi badhe hamengku garwa ingkang dados gemblenging raos katresnan mila katingal jumangkah mantep tan kemba ing panggalih nambahi gagah prakasa.

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer